Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:48 - Kitab Sutji

48 Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:48
37 Iomraidhean Croise  

Unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, peparang kawula, beteng pangungsen lan pamarta kawula.


Ujer sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah, lan sapa ta kang dadi peparang kajaba Gusti Allah kita?


Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.


Lah, aluning antaka wus ngepung aku, banjiring pepati wus nyempyok aku;


Gusti Allahe Israel ngandika, peparange Israel ngandika marang aku: Yen sawijining wong ngereh manungsa klawan adil, mrentah klawan wedi asih marang Gusti Allah,


Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka, mumpung taksih saged pinanggih; sanadyan wontena bena ageng, boten kebenan.


Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane.


Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, surak-surak kagem Paranging karahayon kita.


Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna, nanging wong bener iku tetales kang langgeng.


Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.


mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!


Ing kono wong banjur bakal wedi marang asmaning Pangeran Yehuwah ana ing papan suruping srengenge tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge, awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut, kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.


sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe. Nanging numpes nganti tapis wong kang padha nglawan Panjenengane, tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.


Saben wong kang marani Aku lan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake – kowe Daksumurupake wong iku kena dipadhakake sapa –.


Nanging sing sapa ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku padhane kaya wong kang ngadegake omah tanpa pandhemen. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta banget rusake omah iku.”


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.


kang kabangun adhedhasar ing para rasul lan para nabi, kalawan Sang Kristus Yesus kang minangka watuning pepojok.


Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.


Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake, lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.


Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita; bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.


Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.


Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.


Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.


Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan