Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:45 - Kitab Sutji

45 Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:45
31 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka, sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.


Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen, mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka, mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.


Saben sonten sami wangsul malih, sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.


Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.


Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair, lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.


Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan.


Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”


Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?


Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,


Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.


lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.


“Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.


karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kang diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan