Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:42 - Kitab Sutji

42 Kapriye dene kowe bisa tutur marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangane. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup. Heh, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowe bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripate sadulurmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:42
24 Iomraidhean Croise  

Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener, nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.


Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara.


Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh?


Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge?


Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.


nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”


Yagene kowe nyumurupi tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup?


“Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik.


lan ngandika: “Heh, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowe iku mungsuhe sakabehing kayekten, apa kowe ora uwis-uwis anggonmu ngingerake Marganing Pangeran, kang lenceng iku?


Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.


Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.


Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


Lan kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunake kita kalawan Panjenengane lan kang wus masrahake ayahan karukunan iku marang aku kabeh.


Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.


Nanging sing sapa ora kadunungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane kang dhisik wis dibirat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan