Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:41 - Kitab Sutji

41 Yagene kowe nyumurupi tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:41
18 Iomraidhean Croise  

Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.


Anadene wong Lewi lan Benyamin ora kalebokake ing cacah jiwa, amarga dhawuhe Sang Prabu iku kaanggep nistha dening Sang Yoab.


Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine; ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,


Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa bae, atine wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanane?


Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.


“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.


Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumake uga.


Murid iku ora ngungkuli gurune, nanging sing sapa wis tamat pasinaone, bakal padha karo gurune.


Kapriye dene kowe bisa tutur marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangane. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup. Heh, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowe bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripate sadulurmu.”


Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”


Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


Sawise ndeleng awake dhewe, salungane tumuli wis lali kaya apa rupane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan