LUKAS 6:39 - Kitab Sutji39 Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan? Faic an caibideil |
Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake.
Pancene kudu padha rumangsa wirang, amarga padha nindakake kanisthan, nanging babar pisan ora rumangsa isin lan padha ora nyumurupi ing kanisthane. Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk; bakal padha kesandhung lan tiba ing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”