Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:38 - Kitab Sutji

38 Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:38
29 Iomraidhean Croise  

Abdi dalem punika namung saged ndherekaken sakedhap dumugi ing benawi Yarden. Kenging punapa Sang Prabu paring ganjaran ingkang semanten agengipun dhateng kawula?


Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.


nanging sawuse prakara iku mau kaunjukake marang Sang Prabu, panjenengane banjur paring dhawuh kamot ana ing serat, pangarahe ala marang bangsa Yahudi iku mbalika marang mastakane Sang Haman dhewe. Sang Haman saputra-putrane tumuli padha kasulah ana ing panyulahan.


Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.


Saha para tangga kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu, amargi anggenipun sami memada dhumateng Paduka, dhuh Pangeran.


mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.


Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”


Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.


Banjur ngandika maneh: “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.


Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.


Poma kowe menehana kalawan blaba lan samangsa menehi, atimu aja mendhekel; awit marga saka prakara iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi kowe ing sabarang pagaweanmu lan ing sakehe pambudi-dayamu.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan