Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:35 - Kitab Sutji

35 Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:35
21 Iomraidhean Croise  

Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,


Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadaya saha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.


saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi, sarta anak-putune padha dadi berkah.


Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.


Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.


lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”


Panjenengane bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadene Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengane dhampare Sang Prabu Dawud, leluhure.


Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”


Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”


Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu.”


nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Wong bakal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan