Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:30 - Kitab Sutji

30 Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:30
29 Iomraidhean Croise  

Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Kamelikan iku sadina-dina tansah melik, balik wong bener iku weweh tanpa wates.


Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.


Menehana panduman marang wong pitu, malah marang wong wolu, amarga kowe ora sumurup, kasangsaran apa kang bakal kelakon ana ing bumi.


Nalika aku ngudi bisane nyumurupi kawicaksanan lan ndeleng ributing manungsa ing bumi anggone nindakake pagawean rina wengi tanpa ngliyep,


Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”


Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.


Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.


Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.


Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.


Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”


Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan.


Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.


Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan