Mefiboset banjur matur marang Sang Prabu: “Kajengipun dipun pendhet sadaya, amargi gusti kawula Sang Prabu sampun kondur dhateng kedhaton kanthi raharja.”
Ing kono Zedhekia bin Kenaana banjur maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap mangkene: “Kepriye bisane tumindak, Rohe Sang Yehuwah kok pindhah saka aku lan banjur mangandikani kowe?”
Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni.
Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata, sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda, saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun, wong kang bakal ngereh Israel; kang wus ana wiwit ing jaman purwa, wiwit ing jaman kuna.
Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”
Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?
Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.
Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.