Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:28 - Kitab Sutji

28 Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:28
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,


marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek.


Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,


Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.


“Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.


Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.


Wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah lan para wong Yahudi bebarengan karo para pangarepe banjur padha wiwit nganakake obah-obahan niksa lan mbenturi watu marang rasul loro mau.


Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.


Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.


aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;


cangkem siji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki, para sadulurku ora kena mangkono.


Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan