Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:27 - Kitab Sutji

27 “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:27
22 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten: manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,


Manawa satrumu tiba, aja bungah, sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu,


Kaluhurane Gusti Allah iku nyimpen prakara kayadene wadi, nanging kaluhurane para ratu iku niti-priksa prakara.


Banjur ngandika maneh: “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.


Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.


Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.


Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”


Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”


inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”


Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.


Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.


Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.


He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan