Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:25 - Kitab Sutji

25 Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:25
33 Iomraidhean Croise  

Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja, lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,


Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih, sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan.


Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.


Gumuyu iku dakkandhakake: “Iku bodho!” lan tumrap kabungahan: “Gunane apa?”


Sedhih iku luwih becik katimbang karo ngguyu, awit ulat kang peteng iku gawe beciking ati.


Amarga kayadene swaraning eri kang kobong kumritig ana ing sangisoring kwali, iya mangkono iku guyune wong gemblung. Iki uga tanpa paedah.


Nanging sanadyan wong-wong ing kene iya padha mumet marga saka anggur lan ngelu marga saka arak Imam utawa Nabi mumet marga saka arak, bingung marga saka anggur; padha mumet marga saka arak, mumet nalika weruh wahyu, sempoyongan nalika aweh putusan.


Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombe, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang;


Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit,


Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye, tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.


Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”


Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan, bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.


Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?


Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,


Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.


Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”


Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.


Samono uga aja ngucap kang saru-saru, clemang-clemong utawa geguyon sembranan – marga iku kabeh ora pantes – nanging luwih prayoga ngucapa sokur.


Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.


Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,


Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan