Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:24 - Kitab Sutji

24 Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:24
20 Iomraidhean Croise  

Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun; sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane.


Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi –.


“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.


Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.


Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan