LUKAS 6:23 - Kitab Sutji23 Ing dina iku kowe padha bungah-bungaha lan suka-sukaa, amarga sanyata bakal gedhe ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawe mangkono dening para leluhure. Faic an caibideil |
Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”
Atur wangsulane: “Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.”
Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.
Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.
Sing sapa unggul, iku bakal Sundadekake saka-guru ana ing Padaleman Sucining AllahingSun, lan ora bakal metu maneh saka kono; karodene bakal Suntulisi asmane AllahingSun, araning kuthaning AllahingSun, yaiku Yerusalem anyar, kang tumurun saka ing swarga saka AllahingSun, sarta asmaningSun kang anyar.