LUKAS 6:22 - Kitab Sutji22 Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi. Faic an caibideil |
Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.