Rama Abraham banjur sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng, pangunandikane: “Wong kang wus umur satus taun apa kelakon anak-anak, lan Sara kang wus umur sangang puluh taun iku apa iya bakal nglairake anak?”
Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.
Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.
He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.
Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem, he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki! Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira, he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,
Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan.
Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun.
Lan sanadyan bokmanawa panunggalane ana kang bisa oncat, iku bakal padha manggon ana ing gunung-gunung kaya manuk perkutut ing lembah-lembah, kabeh padha nggluruh-nggluruh awit saka pialane dhewe.
sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”
Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.
Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.
kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wong kang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.
Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.
Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.