Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:20 - Kitab Sutji

20 Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika: “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:20
35 Iomraidhean Croise  

Sathithika kae barang darbeke wong mursid iku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.


Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor, tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.


Luwih becik wong miskin kang kelakuane resik, tinimbang karo wong cidra lambene lan gemblung.


Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka, lan para wong miskin kang ana ing satengahe para manungsa bakal asurak-surak awit saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!


Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.


Lan ana ing tengahira Ingsun ngantunake umat kang andhap-asor lan ringkih, lan kang bakal golek pangayoman ana ing asmane Sang Yehuwah,


Dadine ing dina iku prajanjian wus batal, temah wong kang padha dagang wedhus kang lagi migatekake aku iku padha mangreti, yen iku pangandikane Pangeran Yehuwah.


wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.


Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.


Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.


Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,


Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”


Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.


kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wong kang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.


Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang awujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, ewasamono ngluberake kasugihaning kamurahane.


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci,


iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, – ananging sira sugih – apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.


Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan