Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:17 - Kitab Sutji

17 Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhap kadherekake dening para sakabate, tumuli kendel ana ing sawijining papan kang rata, akeh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong-wong liyane, kang teka saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem, sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:17
14 Iomraidhean Croise  

Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.


“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.


Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.


Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.


Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lan Sidon.


Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.


Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.


Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.


Yudas anake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidra.


Anggone padha mrana iku arep ngrungokake pangandikane lan supaya kawarasake lelarane, apadene wong-wong kang kasurupan ing roh reged iya padha kawarasake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan