Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:12 - Kitab Sutji

12 Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:12
23 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken? Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.


Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu, ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing; awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi, ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan.


Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku.


Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.


Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.


Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.


Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.


Bareng wis padha lunga kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung ndedonga.


Nanging Gusti Yesus banjur sumingkir menyang ing papan-papan kang sepi ndedonga.


Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.


Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhap kadherekake dening para sakabate, tumuli kendel ana ing sawijining papan kang rata, akeh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong-wong liyane, kang teka saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem, sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”


Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.


Kacarita, nalika Panjenengane ndedonga iku, pasuryane banjur santun, pangagemane dadi putih mancorong.


Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate.


Sing tegen ndedonga, lan sajrone mangkono iku meleka kambi saos sokur.


Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


“Ingsun kaduwung dene njumenengake ratu Saul, amarga wong iku wus nyingkur marang Ingsun lan nglirwakake dhawuhingSun.” Nabi Samuel temah sekel galihe, nyebut marang Sang Yehuwah sawengi muput.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan