Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:11 - Kitab Sutji

11 Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:11
16 Iomraidhean Croise  

Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.


Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”


Bareng para pangareping imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa, yen dheweke kabeh kang disemoni.


Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.


Sawise ngandika mangkono nuli mirsani mubeng marang wong-wong mau, banjur ngandika marang kang ceko: “Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjur nindakake mangkono, wasana tangane waras.


Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.


Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?


Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.


Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”


Para rasul tumuli didhawuhi metu saka ing papan parepatan, pradata banjur pirembagan,


Nanging Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Gusti Allah.


Mireng atur mangkono iku, kabeh padha rumangsa kecocog panggalihe sarta banjur padha ngangkah nyedani para rasul.


Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.


Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan