1 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.
Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.
Manawa kowe ngliwati pagandumane pepadhamu kang durung dieneni, kowe kena methik wewulene kalawan tanganmu, mung aja nganti namakake arit marang gandume pepadhamu iku.”