8 Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”
Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”
sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”
Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.
Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”
Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.
Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,
Lan wong ing Bet-Semes padha ngucap: “Sapa ta kang betah adu arep karo Sang Yehuwah, Gusti Allah kang suci iku? Menyang ngendi bakal tindake sawise nilar kita iki?”