Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:7 - Kitab Sutji

7 Kancane kang ana ing prau sijine padha diawe, dikon teka ngrewangi. Iya banjur padha teka, praune loro pisan diemoti, kebak nganti meh kerem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:7
9 Iomraidhean Croise  

Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas.


Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.


Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.


Sawise ditibakake, padha oleh iwak akeh banget, nganti jalane bedhah.


Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


Barnabas banjur menyang ing kutha Tarsus nggoleki Saulus. Bareng wis ketemu tumuli diajak menyang ing Antiokhia,


Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.


Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan