Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowe.”
Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake.