37 Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur kang anyar ana ing impes lawas, awit manawa mangkono, anggur anyar mau bakal mbedhahake impese, dadine anggure wutah, impese rusak.
Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”
Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.
Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”
tumuli padha nindakake akal: padha cepak-cepak sangu, kuldine padha dimoti karung kang elek-elek, karo impes wadhah anggur kang elek-elek kang wus jithet-jithetan;