Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:34 - Kitab Sutji

34 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:34
18 Iomraidhean Croise  

He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani: manawa kowe kapethuk kekasihku, apa kang arep kokaturake marang Panjenengane? Aturna, yen aku nandhang brangta!


– Menyang ngendi tindake kekasihmu, he, wong sulistya ing satengahe para wanita? Menyang ngendi enering tindake kekasihmu, aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki.


Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.


Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan, mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu, lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon, mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe.


Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe,


“Kratoning Swarga iku upamane kaya ratu, kang mahargya pikramane ingkang putra.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.


Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”


Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


Sabab aku butarepan ing ngatase kowe kalawan butajenganing Allah. Awit kowe wus padha dakpacangake karo wong lanang, kang nuntun kowe kayadene prawan suci marang Sang Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan