Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”
Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.