Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:22 - Kitab Sutji

22 Nanging Gusti Yesus nguningani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:22
15 Iomraidhean Croise  

Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.


Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.


Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci.


Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun.


Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala.


Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.


Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.


Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?


Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?


Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?


Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


Gampang endi dhawuh: dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua?


Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?


Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan