Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:21 - Kitab Sutji

21 Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:21
23 Iomraidhean Croise  

Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.


Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.


Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)


Samia kados mrambut kabur ing angin, samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah.


Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.


Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.


Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!


Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten! Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka!”


Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,


Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.


Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita, lan nglebur kaluputan-kaluputan kita, sarta mbucal sakehing dosa kita, menyang ing telenging sagara.


Ing kono Imam Agung nyuwek pangagemane lan ngandika: “Wong iki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggo seksi? Sapunika panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah.


Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah Gusti Allah.”


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.


Nanging Gusti Yesus nguningani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengane, padha mosik mangkene: “Sapa ta, Dheweke iku, dene kok nganti bisa ngapura dosa?”


Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”


Sapa kang bakal nggugat para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan