Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”
Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.
Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”
sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.
Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”
Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,
Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iya dakapura. Sabab yen aku ngapura – saupama ana kang kudu dakapura – anggonku ngapura iku marga saka kowe ana ing ngarsane Sang Kristus,
Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”