Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:17 - Kitab Sutji

17 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:17
20 Iomraidhean Croise  

wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:


Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.


Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”


Dene para ahli Toret kang teka saka Yerusalem padha pratela: “Dheweke kapanjingan Beelzebul, lan nundhungi setan demi panggedhening setan.”


ing sanalika iku uga Gusti Yesus mangretos, yen ana daya kang metu saka ing sarirane, banjur mengo ana ing satengahe wong akeh iku sarta ndangu, “Sapa sing ndemok jubahku?”


Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.


Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.


Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisane ndemek Panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake.


Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ana wong kang ndemek Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku.”


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?


Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.”


Gusti Allah ngawontenake mukjijat-mukjijat kang ngedab-edabi lumantar Rasul Paulus,


Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”


Nanging ana sawijining priyayi Farisi, asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen banget ana ing antarane wong akeh, kang nuli jumeneng sarta mundhut, supaya para rasul padha didhawuhana metu sadhela.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan