Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:14 - Kitab Sutji

14 Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:14
12 Iomraidhean Croise  

“Manawa ana wong kang kuliting badane abuh, merkutuk utawa belang-belang kaya panu, kang bokmanawa dadi wiwitaning memala saraat ana ing kulite, wong iku banjur kagawaa marang ing ngarepe Imam Harun utawa ngarepe salah sijine imam anake Harun.


manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.


Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.


Nanging padha ora diparengake nyuwurake Asmane,


Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong.”


Mripate banjur kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti: “Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”


“Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.”


Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”


Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.


Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.


Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan