Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:13 - Kitab Sutji

13 Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:13
15 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.


Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.


Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”


Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.


Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.


Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.


Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”


Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.


Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.


Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”


Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan