Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:12 - Kitab Sutji

12 Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:12
27 Iomraidhean Croise  

Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”


Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”


Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.


nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.


Kacarita ing ngarep gapura ana wong papat kang padha lara budhugen. Kang siji celathu marang sijine: “Apa prelune aku padha linggihan ana ing kene nganti mati?


Bareng Sang Prabu Dawud tumenga, mirsa Malaekate Sang Yehuwah jumeneng ing antarane bumi lan langit, astane nyepeng pedhang ligan, kang kaacungake ing dhuwure Yerusalem, Sang Prabu Dawud lan para pinituwa, kalawan mangagem bagor, banjur padha sujud.


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake,


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira lebokna ing tangkeping jubahira!” Banjur iya kelakon astane dilebetake ing tangkeping jubahe, bareng ditarik, lah astane nandhang mala saraat putih kaya salju.


Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.


lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.


Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug,


Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami pitados.”


lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujeng lan lestantun gesang.”


Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.


Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.


Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan