Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 5:1 - Kitab Sutji

1 Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 5:1
21 Iomraidhean Croise  

Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.


Sabab wiwit nalika Yokanan Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.


Sawise nyabrang, padha mentas ana ing tanah Genesaret.


Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.


Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, mulane Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabeh padha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.


Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.


Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.


Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.


Nuli mirsa prau loro ana ing pinggir sagara, juru-amek-iwak wis padha mentas lagi ngumbah jalane.


Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.


Nalika lagi padha lelayaran iku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, satemah praune kisenan banyu, mbebayani.


Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”


Dene sakabat loro kang wus krungu pangandikane Nabi Yokanan banjur ndherekake Gusti Yesus iku, kang siji yaiku Andreas, sadulure Simon Petrus.


Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaitu sagara Tiberias.


sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.


Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge sarta padha nulada ing pracayane.


tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.


lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan