LUKAS 4:8 - Kitab Sutji8 Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!” Faic an caibideil |
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”