Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 4:6 - Kitab Sutji

6 Iblis nuli matur: “Panjenengan badhe kula caosi panguwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten ingkang kula kajengaken.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 4:6
15 Iomraidhean Croise  

Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.


Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkono kanggo nyirnakake piangkuh, kanggo ngesorake sakehe kang endah lan sakehe wong mulya ing bumi.


Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba banget lan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan, satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem, sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.


Milanipun manawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhe dados kagungan Panjenengan.”


Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu;


Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.


Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.


Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.


Sabab: “Sakehing daging iku kaya suket sarta kabeh kaluhurane iku kaya kembanging suket, sukete dadi garing, lan kembange padha gogrog,


Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.


Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.


Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.


Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan