Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 4:42 - Kitab Sutji

42 Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 4:42
10 Iomraidhean Croise  

Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.


Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.


Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina,


Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan