41 Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.
Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”
Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”
Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha disowanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake.
Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong.”
Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wong kang padha nandhang lelara warna-warna lan nundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit iku ora diparengake calathu, jalaran wis padha ngreti marang Panjenengane.
nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.