wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.
Bareng Gusti Yesus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.
lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujeng lan lestantun gesang.”
malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.