29 Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.
Kajaba iku ana wong sapuluh ewu kan ditawan urip-uripan dening bani Yehuda kang banjur kagawa menyang ing pucake sawijining gunung parang, tumuli dijorogake mangisor saka ing pucaking gunung parang iku, satemah padha ajur mumur kabeh.
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”
Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham.