Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 4:20 - Kitab Sutji

20 Sawise mangkono kitab banjur kagulung kaparingake maneh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 4:20
13 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundhungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.


nanging padha ora ngreti patrape kapriye, amarga kabeh wong padha tansah ngraketi Panjenengane sarta padha kapengin ngrungokake piwulange.


Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya. Bareng kabukak, manggih nas kang surasane mangkene:


Gusti Yesus banjur paring piwulang, pangandikane: “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.”


Panjenengane banjur minggah ing salah sijine prau iku, yaiku praune Simon, lan dhawuh, supaya praune rada didohake saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akeh mau saka ing prau.


Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.


Nalika ing dina Sabat aku padha menyang ing sajabaning sakethenging kutha, lumaku ing urut pinggiring kali, banjur mrangguli papan pasembahyanganing wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawise linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha kumpulan ana ing kono.


Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene panjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan