16 Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.
Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.
Sawise ngrampungake kabeh kang kudu dilakoni miturut angger-anggere Pangeran, banjur padha mulih menyang ing kutha panggonane, yaiku ing Nasaret ing tanah Galilea.
Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”
Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.
Kaya adate Rasul Paulus nuli lumebet mrono, sarta nganti telung Sabat terus-terusan anggone reraosan karo wong Yahudi bab perang-peranganing Kitab Suci