Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 4:15 - Kitab Sutji

15 Nalika samana Panjenengane memulang ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta wong akeh padha ngalembana.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 4:15
10 Iomraidhean Croise  

lah sira bakal ngundang bangsa kang sira durung wanuh, lan bangsa kang durung wanuh kalawan sira bakal mlayu marani sira, marga saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, sarta marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang paring kamulyan marang sira.


Sarawuhe ing kutha asale, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing papan pangibadahe. Wong-wong mau padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawicaksanan lan panguwasa nindakake mukjijat saka ing ngendi?


Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.


Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.


Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.


Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon: “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.”


Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.


Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.


Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.


Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan