Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 4:1 - Kitab Sutji

1 Gusti Yesus, kang penuh ing Roh Suci, wangsul saka bengawan Yarden, banjur kapurugake dening Roh Suci menyang ing ara-ara-samun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 4:1
19 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.


Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.


Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.


Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,


Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”


tedhake Enos, tedhake Set, tedhake Rama Adam, Putraning Allah.


Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun.


inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan