Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 3:9 - Kitab Sutji

9 Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 3:9
14 Iomraidhean Croise  

Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!


Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase –


Karodene wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungake ing geni.


Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.


Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.


Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!


bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.”


Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.


Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan