ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairake tuwin umat manungsa kabeh bakal padha ndeleng iku bebarengan; Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”
Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita.
Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.
Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu: “Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi, Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”