Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 3:20 - Kitab Sutji

20 Sang Prabu saya wewah durakane, yaiku anggone banjur ngunjara Nabi Yokanan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 3:20
14 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Sang Prabu Manasye ngwutahake getihe wong kang ora luput nganti makaping-kaping, nganti ngebaki Yerusalem wiwit poncot tekan poncot, iku durung kapetung dosa-dosane kang njalari wong Yehuda banjur nglakoni dosa uga, yaiku nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah.


lan marga saka getih kang ora luput kang wus kawutahake, awit Sang Nata wis damel Yerusalem kebak getihe wong kang ora luput, lan iku Pangeran Yehuwah ora karsa ngapura.


Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.


Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.


Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal.


Bareng Gusti mireng pawarta, yen Nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,


awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran.


Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan