2 ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan, putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.
Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia.
ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.
Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.
Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda.
Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?
Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.
Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”