17 Panjenengane wis ngasta tampah kaagem ngresiki panutone nganti resik babar pisan sarta kaagem nglumpukake gandume ing lumbunge, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”
Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah ana ing kutha-kuthaning nagara. Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes, amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.
Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah; padha ora ngreti kang dadi putusane, manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat mau kaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton.
Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”
Panjenengane wus ngasta tampah; panutone bakal diresiki nganti tapis sarta gandume bakal diklumpukake ing lumbung, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”